Kamis, 14 Februari 2013

Panganan Tradhisional


Panganan Tradhisional

Panganan tradhisional ing Jogjakarta inggih menika wonten :
1.      Cemplon
2.      Klepon
3.      Growol
4.      Gethuk
5.      Gudheg
6.      Geplak
7.      Geblek
8.      Alen-alen lan sakpanunggalanipun
Panganan tradhisional punika sampun kalah kalian panganan ingkang siap saji .
Panganan punika sampun arang dipun remeni amergi caranipun masak ingkang suwe lan dipun anggep panganan panganan ingkang ketinggalan jaman.
Sakjanipun panganan tradhisional punika luwih sehat ketimbang panganan ingkang siap saji amargi panganan punika tasih migunakaken bahan ingkang alami utawi mboten migunakaken kimia.
Tuladhanipun damel panganan tradhisional Gethuk inggih menika :
Bahanipun :
1.      Telo
2.      Gula Jawa utawi Gula Pasir
3.      Kambel enom(dipun parut)
Caranipun :
1.      Telonipun di onceki lan dipun kumbah
2.      Telo ingkang sampun  lajeng dipun kukus utawi di godhog
3.      Sak sampunipun telo mateng, telonipun di deplok utawi dipun uleg nganthi telonipun alus
4.      Lajeng ditambahi gula lan dicampur kanthi rata
5.      Lajeng cetak wonten wadah kotak utawi bunder banjur dipun kukus kanthi gulanipun cair utawi tunggu 5 menit
6.      Sak lajengipun telo dientas lan didemke. Yen sampun adem, gethuk dipun iris lan disukani kambil ingkang sampun diparut lan dipun kukus rumiyin.
Mekaten caranipun damel gethuk, mugi-mugi saged dados waosan kang sae . Matur suwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar